Selasa, 29 Desember 2009

ngaji roso

Ngawiti ingsun nglaras syi'iran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo petungan 2x

Duh bolo konco prio wanito
Ojo mung ngaji syare'at bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sengsoro 2x

Akeh kang apal Qur'an Hadistse
Seneng ngafirake marang liyane
Kafire dewe gak digatekake
Yen isih kotor ati akale 2x

Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto 2x

Ayo sedulur jo nglalekake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake Iman Taukhidte
Baguse sangu mulyo matine 2x

Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan seri ngelmune
Laku Thoreqot lan ma'rifatte
Ugo hakekot manjing rasane 2x

Alquran qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis biso diwoco
iku wejangan guru waskito
den tancepake ing njero dodo 2x

Kumanthil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu'jizat Rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman 2x

Kelawan Allah kang Moho Suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhoi
Dzikir lan suluk jo nganti lali 2x

Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir saking pengeran 2x

Kalawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo dak siyo
Iki sunahe Rosul kang mulyo
Nabi Muhamad panutan kito 2x

Kang anglakoni sakabehane
Allah kang bakal ngangkat drajate
Senajan ashor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate 2x

Lamun palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den jadang Allah swargo manggone
Utuh mayite ugo ulese 2x

2 komentar:

arriez mengatakan...

pak....maksud dr....syair d atas apa ya????

pak muliadi mengatakan...

KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.

Posting Komentar